Pages - Menu

Jumat, 04 Oktober 2013

Contoh MC Jamaah Tahlil


Assalamualaikum Wr. Wb.
Bismillahirrohmanirrohim. Alhamdulillahi Robbilalamin. Assholatu Wassalamu ‘Ala Asyrofil Anbiyaa’i Walmursalin. Sayyidina Wamaulana Muhammadin. Wa’ala Alihi Washohbihi Ajmain. Amma Ba’du.

Kunjuk Ngarsanipun Sohibul bait, nuwun inggih Bapak .............. sakulowarga, ingkang satuhu bagyo mulyo. Kunjuk ngarsanipun Bapak K. Muhyudi selaku pembina jamaah tahlil Al-Barokah ingkang satuhu kinabekten. Kunjuk ngarsanipun Bapak Harno, minongko sesepuhing jamaah tahlil Al-Barokah, ingkang kulo hormati.

Langkung Rumiyen, Sumonggo Sesarengan Ngunju’aken Puji Syukur Wonten Ngarsa Dalem Allah SWT. Kanthi Waosan : Alhamdulillahi Robbil Alamin. Katitik wonten ing dalu puniko kulo lan panjenengan sedoyo saget kempal manunggal wonten ing majlis jamaah tahlil kanthi niat silaturrahim lan luru ilmu. Mugi-mugi tansyah kacatet dados amal sholih Allahumma Amin.

Salajeng ipun, Sholawat salam Kito aturaken Nabi Muhammad SAW. Kanthi ucapan : Allahumma Sholli ‘Ala Sayyidina Muhammad, Wa’ala ‘Ali Sayyidina Muhammad. Mugi-mugi Kito kalumeberan syafaatipun benjang ing dinten Qiyamat. Allahumma Amin.

Saderengipun adicoro dipun mulai, kepareng kulo ngaturaken susunan acara ingkang bade lumampah, nuwun inggih :

Ongko sepisan    : Pambuka
Ongko Kalih        : Tausiyyah Diniyyah
Ongko Tigo       : Waosan yasin, tahlil, soho Do’a ipun
Ongko Sekawan : Istirahat
Ongko Gangsal   : Lain-lain
Ongko Enem         : Paripurno.


Adicoro ongko sepisan nuwun inggih pambuko, sumonggo Kito bikak kanthi waosan ummul kitab, ing pangajab mugi-mugi adicara ing dalu puniko lumampah kanthi gancar, boten wonten halangan setunggal punopo. ‘Ala Hadzihin niat, Al-Fatihah ..................

Dungkap ongko kalih, Tausiyyah Diniyyah ingkang badhe kasarirani Bapak ............ Dumateng panjenengnipun kunjuk ing ngarso. Sumonggo!

Mekanten menggah Tausiyyyah Diniyyah ingkang sampun kasarirani Bapak ............... Mugi-mugi saget manfaati dateng Kito sami. Allahumma Amin.





Dungkap ongko tigo, waosan Yasin, Tahlil, soho do’a ipun. Barokah Imam Yasin kasuwunaken Bapak .................... Imam Tahlil kasuwunaken bapak ............., Do’a kasuwunaken Bapak ............... Dumateng panjenenganipun kunjuk ing ngarso, sumonggo !

Mekanten menggah waosan Yasin, tahlil, soho do’aipun. Mugi-mugi saged mahanani dateng sedoyo ahli kubur Kito sedoyo, Amin Allahumma Amin.

Dungkap ongko sekawan, Istirahat.  Sumonggo kulo aturi sumene sawetawis.

Poro Bapak ingkang kawulo hormati...                  csaba’danipun adicoro Isrirahat, kepareng kawula aturaken bilih malam jum’at ingkang badhe dugi dawah giliran ipun Bapak .............. Wondene petugasipun :

MC                   : Bapak ..........................
Imam Yasin                : Bapak ..........................
Imam Tahlil               : Bapak ..........................
Do’a                 : Bapak ..........................

Dungkap ongko gangsal, lain-lain..

Dungkap Ongko Enem, paripurno. Sumonggo adicoro ing dalu puniko Kito tutup sesarengan   kanthi   waosan   ummul   Kitab.   ‘Ala Hadzihin   Niat, Al-fatihah ...........

Minongko panutuping atur,  kawulo akhiri kanthi do’a, Billahit taufiq walhidayah.
                                     
                         Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar